hasyafiisalim.wordpress.com

WAYANG KULIT TUNTUNAN DALAM TONTONAN

  • BERANDA
  • KARAKTER
  • LAKON
  • NASKAH
  • OMAH WAYANG KLATEN
  • SULUK PEDALANGAN
  • TONTONAN
  • TUNTUNAN

REUNI ALUMNI SMADA REMBANG

Posted by hasysa on 6 Juli 2013
Posted in: BERANDA. Tagged: Rembang, Reuni, SMADA. Tinggalkan komentar

REUNI ALUMNI SMADA REMBANG ANGKATAN 1979/1980

ASS … Wr … Wb
Hasil kesepakatan Panitia Reuni SMAN II Rembang Angkatan Thun 1979/1980; reuni akan diseelenggarakan di kota PATI,pada :
Hari, tanggal : Sabtu, 10 Agustus 2013
Pukul : 09.00 WIB
Tempat : Rumah Makan Bakar-bakaran (Garda Oto, sebelah Barat Pabrik Kacang Garuda, km 1 Pati).

Pemberitahuan ini sekaligus sebagai ‘UNDANGAN”. Untuk itu dimohon bagi semua alumni untuk memberi dukungan dana agar acara terselenggara dengan sukses. Dana dapat ditransfer lewat Rekening BRI a.n. SRI HARTININGSIH, No. Rek. 014201001936533.

Untuk lebih jelasnya CP. 082331023575; 087838802173 (SUPRIYO); 08122521411; 087831607000 (AGUS P).

Demikian, atas bantuannya diucapkan terimakasih.

a.n. Panitia Sie “WARA-WARA”
AGUS PUJIANTO (PATI)

Wass … Wr … Wb

“DURMAGATI MBELING”

Posted by hasysa on 25 Mei 2013
Posted in: BERANDA. Tagged: kresna, kurawa, resi bisma, yudistira. Tinggalkan komentar

Setelah di “Paseban Njawi” semua bala Kurawa siap menunggu informasi dari sang Paman, Patih Sengkuni, ya Harya Suman, ya sang Gantalpati. Dialong (ginem) berlangsung.

Sengkuni : “Anak-anaku Kurawa semuanya. Dalam kesempatan ini kalian semua tidak perlu bicara sendiri-sendiri seperti burung bersautan.”

Semua bala Kurawa terdiam kecuali Durmagati yang mbeling berani menyampaikan pendapatnya.

Durmagati : “Interupsi, Man ! Durmagati oke-oke saja, tapi mau usul pendapat. Ini sekedar pendapat, lho Man ?”

Sengkuni : “Baik, Dur…! Yo cepat, apa pendapatmu?”

Durmagati : “Ya, Paman Sengkuni harus obyektif menyampaikan informasi dari Kakaprabu Duryudana, lho Man ? Jangan diplintir-plintir, diputarbalikkan. Karena Paman nanti bisa diasumsikan sebagai melakukan pembohongan publik.”

Sang Paman, Sengkuni, merah padam mukanya mendengar ucapan Durmagati. Dengan kesal menuding-tuding Durmagati.

Sengkuni : “Kurang ajar ! Anak kemaren sore berani menasehati orang tua.”

Durmagati : “Lho, nanti dulu, Man. Anak saya juga pernah manasehati saya, lho Man ?”

Sengkuni : “Anakmu ?”

Durmagati : “Ya…! Pak, bapakku Durmagati yang terhormat. Begitu kok Man bilangnya.”

Sengkuni : “Anakmu ?”

Durmagati : “Ya…! Eh, anaknya isteri saya, Man. Tapi subsidi BBM-nya kan dari saya, Man…! Kalau bapak mau jadi orang sakti, contohlah ….”

Sengkuni : “Anakmu ?”

Durmagati : “Ya…, ya!”

Sengkuni : “Terus dibilang, contohlah kakek Sengkuni…?”

Durmagati : “Tidak! Contohlah kakek buyut Resi Bisma, Dewabrata. Kalau bapak mau jadi orang bijaksana, contohlah ….”

Sengkuni : “Kakek Sengkuni…?”

Durmagati : “Tidak! Contohlah paman Sri Batara Kresna. Kalau bapak mau jadi orang sabar, contohlah ….”

Sengkuni : “Kakek Sengkuni…?”
Durmagati : “Tidak! Contohlah paman Puntadewa, Yudistira. Kalau mau sukses jadi bandar judi, provokator, pemfitnah, dan KKN, contohlah….”

Sengkuni : “Huk huk huk …?”

Durmagati : “Lho, kok batuknya kambuh, ya Man?”

Sengkuni : “Anakmu ?”

Durmagati : “Ya! Teruskan saja, bapak kumpul dengan Kakek Sengkuni dan contoh…!”

Sengkuni : “Dur ! Jangan memfitnah orang tua ! Jika paman tuntut balik terkena pasal pencemaran nama baik kamu, lho Dur ?” Kamu telah melakukan pembunuhan karakter terhadap pamanmu sendiri, Dur ? Berarti kamu mematikan karir politik pamanmu sendiri.”

Durmagati : “Ya, terserahlah, Man. Semuanya itu fakta, lho Man?”

Sengkuni : “Eh, bocah mbeling. Itu semua fitnah ! Hanya pembentukan opini publik, tahu ?”

Durmagati : “Man, paman Sengkuni apa lupa ? Apa paman tidak sukses jadi bandar judi ?”

Sengkuni : “Kapan, mana buktinya?”

Durmagati : “Man, paman Sengkuni jangan pura-pura lupa ? Paman ingat ketika lakon Pendawa Dadu ? Hayo, siapa bandarnya ?”

Sengkuni : “Huk huk huk …?”

Durmagati : “Tidak usah batuk-batuk, Man?”

Sengkuni : “Yang lain mana buktinya?”

Durmagati : “Tidak usah ngotot Man, nanti paman malu sendiri.”

Sengkuni : “Mana buktinya?”

Durmagati : “Buktinya banyak, Man. Paman lupa ? Ingat, mulai lakon Gandamana Tundung atau Gandamana Luweng, siapa provokator, pemfitnah, dan pencetus KKN-nya, hayo?”

Sengkuni : “Tapi Dur, semua itu kan untuk keponakan-keponakanku para Kurawa, anak-anak Kakangmbok Ayu Dewi Gendari, termasuk kamu juga, tha ?”

Durmagati terdiam sambil mengangguk-angguk. Sementara Dursasana, Kartamarma, dan yang lainnya hanya tersenyum.

Durmagati : “Ha ? Ya, ya…?”

Sengkuni : “Eh, sudah ! Anak-anakku Kurawa semuanya. Jangan didengarkan omongan Durmagati. Anak kemaren sore berani nasehati orang tua. Anak Prabu Duryudana sudah memberikan perintah. Kita berangkat semua keluar daerah, ke Gunung Kutarunggu, daerah Swelagiri, untuk mencari Wahyu Makutarama.”

Durmagati : “Ya! Tapi jangan lupa lho Man. SPPD-nya ? Soal hasilnya, dapat wahyu atau tidak, tidak perlu dipikir, Man. Ya, tha Man? Ini kan juga bagian dari transparansi dan reformasi birokrasi di negeri Astina, tha Man?”

Sengkuni : “Dasar…, bener-bener mbeling !”
Akhirnya, semua bala Kurawa berangkat menuju Gunung Kutarunggu, di daerah Swelagiri untuk mencari wahyu sebagaimana yang diperintahkan oleh Sang Prabu Duryudana.

NASKAH PAKELIRAN KLASIK : MAKUTHARAMA (2)

Posted by hasysa on 12 Mei 2013
Posted in: NASKAH. Tagged: cangik, limbuk, limbukan. 1 Komentar

Dhrodog … dhog …

(Asmaradhana, Kasirep)

Janturan :

Sorot mancur mencorong mijil saking putri winongwong, nenggih Dèwi Banowati, musthikaning uwong. Nyata ayu akarya lamong, akèh priya kang kepéngin mboyong, dadi kembang lambé pating clemong, akèh kang gandrung kloyong-kloyong. Lamun Sang Banowati liwat, para priya mung pating plenggong plompang-plompong ora kuwat ndulu bundering bokong.

Nyata tetungguling memanis. Réma njanges semu wilis, sinom lir ron pakis, nanggal sepisan kang alis, lathi abang lir manggis, janggut nyathis, pamulu hambenglé kéris. Yèn dandan ora uwis-uwis. Payudara lir bluluk kuning dèn-prenah mrih manis, sinangga kemben dadya munjuk sawetawis, mula ora susah dikepeti wis ésis.

Dedegé ora sangkuk, asta lir gendhéwa tinekuk, driji kaya saya minggah saya mucuk, padharan ora mblendhuk, ponang pocong nyenthing munjuk, disawang saka mburi cundhuk, ngiringan mathuk, ngarep …. Bojo kaya Dèwi Banowati sewayah-wayah gathuk, awan sayuk, wengi njuk, luwih-luwih yèn ta ‘bar adus ésuk.

Dhasar pinaringan nugrahaning Widhi, sembada ing warna soroté mancur. Téjanirèng tambara wening, liringing nétra kumenyar, soroté ngenguwung awenes-wenes kamantyan turut marang kumbaning grana kéngis. Sedhep amantesi soroting jaja wiletan, ngasmara kéndra lampahé. Dedeg ndedeling lurus, swara gandem arum manis, jaja wijang èsmu ngengret. Tindak tajem luruh, dlamakan lempah tarincing, tapaké nora siwah. Lambung miyer turut, lunging jangga sapaningal, asta membat lémbéhan kaya merak kesimpir. Pamidhangané lir traju rukma, turuting tenggak ukelé tajem tekeming jejengku.

Pendhak-pendhak Sang Nata Prabu Kurupati miyos tinangkil, Sang Dèwi Banowati miyos munggwing prabasuyasa, sinambi mriksani gebyakaning para bedhaya srimpi, keplok imbal angedasih senggakan arebut wirama. Hambèr hamblabar sanggya para cèthi miwah para pawongan ingkang samya sumahap munggwing ngayun. Sinten ta ingkang mabukuh ngumala ‘rum. Nenggih menika ingkang putra Dèwi Lesmanawati, ‘tan prebéda ayuné klawan ingkang ibu, mung kladuk luruh.

Nalika ing mangké nuju suwuking pradangga, ana tengara konduring Sang Nata Prabu Jakapitana. Gupuh-gupuh Sang Retna ’Yu Dèwi Banowati ngrakit tirta munggwing sangku, kinarya amijiki padanira sang raka Prabu Duryudana. Dadya guragapan amethuk mring rawuhnya Sang Prabu Kurupati. Tinut ing wuntat ingkang putra kinasih Dyah Lesmanawati miwah sanggya para parekan.

Dhrodog … dhog …

(Asmaradhana, udhar)

(Banowati mapag rawuhipun Duryudana, kedhèrèkaken Lesmanawati, Cangik, tuwin Limbuk.)

cangik-limbuk

(Duryudana pinanggih Banowati.)

(Duryudana lan Banowati lenggah ing kedhaton, kaadhep Lesmanawati, parekan, Cangik, tuwin Limbuk.)

Dhrodog … dhog …

(Ldr. Asmaradhana, Kasuwuk)

Dhog …

Pathet Ageng, Sl. Myr

pathet ageng sl. myr

Dhog dhog dhog dhog dhog … dhrodog … dhog …

BANOWATI : Kawula nuwun, nuwun, dèrèng sawetawis dangu kepareng rawuh Paduka Kanjeng Sinuwun, anjanur gunung déné radi randhat anggèn Paduka miyos siniwaka, kula ngaturaken pangabekti, Sinuwun.
DURYUDANA : Yayi Ratu, ya tak-tampa gawé bombonging rasa. Ora liwat pangestuné pun kakang tumrapa marang jenengpara, Yayi Ratu.
BANOWATI : Dahat kapundhi éngga jimat paripih, Sinuwun.
LESMANAWATI : Rama Prabu, kula ngaturaken pangabekti mugi konjuk.
DURYUDANA : Lesmanawati anakku wong ayu, ya, taktampa gawé bombonging rasa. Ora liwat pangèstuku tampanana, Lesmanawati.
LESMANAWATI : Kapundhi éngga jimat paripih, mugi anda- yanana kasantosan, Rama Prabu.
BANOWATI : ‘Bat-tobat-tobat. Wonten wigatos menapa, Sinuwun kadi nyalawadi paséwakan ing ‘ri kalenggahan mangké. Keparenga ambabari garwa Paduka kula pun Banowati, Sinuwun.
DURYUDANA : Yayi Ratu, déwa bakal ngudhunaké Wahyu Pepakem Makutharama, ingkang bakal mudhun ana ing tlatah Swélagiri. Kacetha ing kono jroning wangsit ana pandhita ingkang angasrama kang peparab Begawan Késawasidi, ingkang bakal amedharaké pepakeming Prabu Ramawijaya duk rumuhun. Ujaring wangsit, sapa ingkang kadunungan kenugrahan yekti bakal pinardawa kamulyané, dadi ratuning para ratu. Mula Yayi, rada suwé jroning paséwakan merga bingung rasaku aku krungu pawarta yèn ta Janaka lunga saka kasatriyan. Adat lupiya yèn ta marengi mudhuning kanugrahan Janaka lunga, ora wurunga wahyuné mesthi nèmplèk menyang wong Pendhawa. Mula ‘pisan iki aku njaluk dongamu. Pujèk-pujèkna Janaka upama golèk wahyu aja oleh gawé.
BANOWATI : ‘Bat-tobat-tobat, kénging menapa Paduka paring dhawuh ingkang mekaten? Lajeng sambung rapetipun menapa kula kaliyan ‘Dhimas Permadi?
DURYUDANA : Tirokna gunemanku.
BANOWATI : Nuwun inggih.
DURYUDANA : Muga-muga ….
BANOWATI : Muga-muga ….
DURYUDANA : Kaparenging déwa ….
BANOWATI : Kaparenging déwa ….
DURYUDANA : Permadi nggoné golèk wahyu ….
BANOWATI : Permadi nggoné golèk wahyu…
DURYUDANA : Aja kasembadan.
BANOWATI : Kasembadan.
DURYUDANA : Balèni menèh.
BANOWATI : Mboten saged. Sampun mboten apal.
DURYUDANA : Klèru ‘ki kenèk dibalèni. Klèru kok mbandhang.
BANOWATI : Nuwun inggih, nuwun inggih. Inggih. Mbok inggih manawi mekaten lajeng kepareng Paduka?
DURYUDANA : Aku wis kongkonan Kakang Narpati Nga- wangga, supaya munggah marang Kutharunggu. Idheping tékadku mung kepéngin nggayuh tumuruning Wahyu Pepakem Makutharama.
BANOWATI : ‘Bat-tobat-tobat, manawi mekaten mbok iya mangga dipun-sesuwun wonten salabeting sanggar palanggatan kéwala, supados saged kasembadan sedya Paduka Sinuwun.
DURYUDANA : Sakdurungé munggah menyang sanggar palanggatan, aku kepéngin madhang.
BANOWATI : Nuwun inggih. Sedaya inggih sampun Cumawis, menawi badhé bujana.
DURYUDANA : Golèkna sambel kemangi.
BANOWATI : Nuwun inggih, nuwun inggih, sampun cu- mawis.
DURYUDANA : Digarap sing apik.
BANOWATI : Nuwun inggih, nuwun inggih.
DURYUDANA : Hem, Banowati, dhèrèkna pun kakang bojana.
BANOWATI : Mangga Sinuwun, kula ndhèrèkaken.

Dhog …

( Dhog pisan Sendhon ) 

Sendhon Kloloran, Sl. Nem

sendhon kloloran sl.6

Dhog dhog dhog dhog dhog … dhrodog … dhog …

(Duryudana saha Banowati manjing kedhaton, kadhèrèkaken Lesmanawati. Cangik tuwin Limbuk kantun wonten jawi.)

Limbukan

limbukan

CANGIK: : Anakku ‘ndhuk, anakku ’nggèr, kowé kok ndomblong bareng nyawang Ingkang Sinuwun kekanthèn asta bakal bojana andrawina ‘ndhuk, kowé kok ndomblong, ’nggèr?
LIMBUK : Ya, ‘Mak. Sinuwun bisa gandhèng asta karo Gusti Putri kaya ngono kok, aku kok ya ora ènèk sing ngandhèng, ya ‘Mak.
CANGIK : Oh, anakku ‘ndhuk. Kowé ‘ki Limbuk mbiyèn, ya wis pol-polé ya gur ngono kuwi.
LIMBUK : Iya iya ‘Yung, iya.
CANGIK : Heeh. ‘Nggèr, kadéwasaning manungsa winates. Kowé lagi semono drajatmu, lagi semono ukurmu. Ora ngukur sapa-sapa, ngukur awaké dhéwé.
LIMBUK : Iya ‘Mak, iya.
CANGIK : Mumpung iki gustimu lagi kepareng dhahar.
LIMBUK : Yèn ngono apa awaké dhéwé ngentèni lorotan, karo isah-isah mengko ya ‘Mak?
CANGIK : Sing dilorot apa? Wong ming timun dicampuri karo ampas kambil.
LIMBUK : Malah sehat.
CANGIK : Heeh, ’nggèr, ’nggèr, iya. Iki kanca pradangga komplit, saka pengrawit kraton.
LIMBUK : Kraton ngendi?
CANGIK : Adhuh ‘dhuh, abdi dalem Omah Wayang.
LIMBUK : Lae … lae …., apa ana Mak ? Sajege iki yen wayang iku, apa ora kothak Mak ? Apa ana wayang sing duwe omah ?
CANGIK : Adhuh ‘dhuh ….
LIMBUK : Kok sambat terus, tha Mak ?
CANGIK : Piye, tha ndhuk Makmu iki ora sesambat? Jaman kaya mangkene duwe anak, kok isih cupet wawasane. Ya kaya ngono iku oleh-olehe bocah, dikon sekolah wegah, dikon sinau ngguya-ngguyu, dikon srawung malah bingung, dikon golek pengalaman malah ra karu-karuan.
LIMBUK : Apa ‘ra kuwalik, tha Mak ? Piye, aku arep melu kanca-kancaku sekolah. Lha, dhuwite sangka ngendi, tha Mak ? Arep srawung, piye ra bingung ra karu-karuan ? Kanca-kancaku iku sandangane apik-apik, ‘dha nggegem hape apik-apik. Lha…, apa aku bok wenehi biaya ? Aku bok tukokna apa, hayo ?
CANGIK : Heeh, ‘ngger, ndhuk, anakku. Jan-jane ya ‘ra mesti kaya ngono. Sekolah iku ‘ra mesti ‘mung mligi kanggo anake wong sugih-sugih whae. Okeh dedalan kang bisa digayuh. Sekolah iku, ya ‘ra ‘mung sekolah formal, nanging uga ana sekolah informal, lan nonformal. Babagan kaya ngene iki sing kawogan ya ? Iku lho ‘Nduk, kaya ingkang minulya, panjenenganipun Bapak Apriyanto. Titele ‘rak Es Pe De, tha?
LIMBUK : Es Pe De, iku … Se Pe Da, tha Mak? Apa … Susah Pokoke Deh ?
CANGIK : Hus…, bocah ‘ra tata. Es Pe De … iku Sarjana Pendidikan, ngono. Ya, kanthi kaprigelan babagan Pendidikan, apa maneh duweni kaprigelan bab teknologi informasi, sarta disengkuyung dening prapinisepuh kang winasis kaya ingkang minulya, panjenenganipun Bapak Wita Radya, Sarjana Karawitan; Bapak Nuryanto, Master Hukum, Bapak Kristiaji, Sarjana Seni lan sapanunggalane.
LIMBUK : Whalah … Mak ? Kok kaya wong gedhe-gedhe whae rembugane. Bab es-es iku aku ‘rak ya wis kerep tha Mak, ngombe es. Terus … rawit-rawitan, aku ya wis kerep bok ‘kon nyambel lombok rawit. Seni, apa maneh…, apa ya yen aku arep seni nyang ngguri ya kudu wara-wara ?
CANGIK : Tobat … tobat, nyuwun pangapura Gusti. Duwe anak kok kaya mengkene.
LIMBUK : Piye tha Mak, kok ‘ra kebeneran terus ? Malah saya tambah bingung aku.
CANGIK : Limbuk…, anakku sing ayu denok debleng. Nyang Jombor Danguran, Klaten Selatan, iku ana sawijining lembaga masyarakat kang sinebut … Omah Wayang, tempat Pasinaon Seni Budaya Tradisional Jawa. Wah, Omah Wayang iku wis moncar saindenging bawana, lho ‘Nduk ? Malah ana, lho ‘Nduk, ya, kerana kemajuan teknologi informasi, nganggo sarana internet, sawijine bapak-bapak kang wis sepuh sangka jaban rangkah Jawa, ya iku tlatah negara kitha Indonesia sing paling kulon, kepulauan Bangka Belitung, pase ana kutha Pangkalpinang.
LIMBUK : Arep ngapa tha Mak, panjenengane keraya-raya perlu ‘nyang Omah Wayang?
CANGIK : Lha…, ya iku. Apa ‘ra isin, kaya kowe lan kanca-kancamu sing cedhak whae ‘ra gelem melu sinau, kaya kowe iku ‘rak isa tha melu sinau nyinden upamane. Lha… wong panjenengane iku lagi ongkos pejalanane sablasan whae ‘ra sethithik lho ‘Nduk. Numpak montor mabur sangka Pangkalpinang nyang Jakarta, terus medhun Ngayohyakarta Hadiningkrat, pungkasane teko nyang Jombor iki.
LIMBUK : Whalah… Mak. Aku malah wedi numpak montor mabur. Mbediding….magep-magep. Enak numpak dokar hae Mak….
CANGIK : Bocah ‘ra tata. Wis-wis, ‘Nduk. Supaya Ingkang Sinuwun seger ‘nggoné dhahar, nèk krungu swaraning, mirengaké swaraning pradangga.
LIMBUK : Ya. Adat lupiya sing kawuri, Sinuwun kuwi karemané mesthi bangsaning jineman.
CANGIK : Heeh. Rungokna swarané. Uler kambang…
LIMBUK : Iya.

Dhrodhog … dhog …

Jineman ULER KAMBANG, slendro sanga

(Andhegan Uler Kambang)

Dhrodhog … dhog …

(Uler Kambang, suwuk)

CANGIK : Matur sembah nuwun.
LIMBUK : Apa maneh Mak ?
CANGIK : Sing jenengé wong urip ana ing alam padhang iki, tinitah urip ana ing alam ndonya, umuré wong ‘ki apa nganti kok seratus telung puluh taun? Ora ènèng. Upama ta ènèk satus taun ‘ki wis klebu suwé nggoné urip ‘nèng ndonya, malah ‘ra kepenak. Mangan sate, wis ‘ra duwe untu. Mangan sop balung, whalah cilaka maneh. Mangan kuwaci, whalah ‘Nduk… ‘Nduk. Pokoke wis ‘ra nikmat sakabihane. Lan arang wong urip nganti umuré semono kuwi. ‘Ning nèk ngélingi ragané sing dipendhem ‘nèng mbumi iki bisa nganti jutaan taun, mula uripé wong ‘nèng ndonya sing umur kira-kira ya mung nganti satus taun kuwi bebasané mung sedhéla.
LIMBUK : Iya, mula ènèk sing ngarani mampir ngombé kaé.
CANGIK : Iya, mula. Aja ngombé. Memelas banget nèk wong-wong sing padha ora gelem percaya menyang sangkan-paraning dumadi, lan ora weruh dalan bener sing kudu diambah murih rahayuning urip ana ing ngakir mbésuk ‘ndhuk.
LIMBUK : Iya ‘Mak.
CANGIK : Lha apa ta sebabé wong kok ora mikir sangkan-paraning pati, merga saka gumendhung. Uripé akèh-akèhé mung ngendel-endelké, mula ora gelem rumangsa lan ngakoni nèk sejatiné jiwané dilimputi pepeteng, merga kesenengané ngedohi pepadhang.
LIMBUK : Iya.
CANGIK : Kuwi mbésuk bakal nampa piwelèh, wujudé penandhang ana alam pepeteng, naroko Jahannam.
LIMBUK : O ngono? Kowé ‘ki nèk ngendika marahi medèn-medèni ‘aé.
CANGIK : Lho, kuwajibané wong tuwa ngandhani anak ngono kuwi.
LIMBUK : Iya. Mak kaé ketoké lé dhahar tanduk, Sinuwun.
CANGIK : Wah. Léléné dientèkaké, malahan, ‘dhuh.
LIMBUK : Gusti Duryudana kok ya remen lélé?
CANGIK : O ‘dhuh, alah, gèk ‘nggon endhas  ngantèk resik. Brengos-brengosé barang di ….
LIMBUK : É é é ….
CANGIK : Ya nèk ngono ya diimbuhi ‘ndhuk, gendhingé ‘yo …. ‘ben mari kangene ….
LIMBUK : Iya.

Dhrodhog … dhog …

Jineman MARI KANGEN, sléndro manyura

Dhrodhog … dhog …

(Mari Kangen, suwuk)

CANGIK : Heeh. Ayo, kaé katoné wis rampung nggoné dhahar, ayo dikukuti. Lorotan-lorotan kaé wadhahana, gawanen mulih ‘ndhuk.
LIMBUK : Iya.
CANGIK : Balung-balung kaé, ‘nèng ngomah ‘isa disesepi
LIMBUK : Iya ‘Mak.

Dhog …

Ada-ada Girisa, sléndro nem

Dhog dhog dhog dhog dhog dhog dhog dhrodhog dhog dhog ….

ada2 girisa sl.6

Dhog dhog dhog dhog dhog … dhrodog … dhog …

(Cangik tuwin Limbuk mlebet. Duryudana minggah sanggar pamujan)

Dhog …

NASKAH PAKELIRAN KLASIK : MAKUTHARAMA (1)

Posted by hasysa on 11 Mei 2013
Posted in: NASKAH. Tinggalkan komentar

PATHET NEM

JEJER SEPISAN : PRAJA NGASTINA

 kayon

 Dhog dhog dhog dhog dhog dhrodogdog… dhog….

Ayak-Ayak Sl. Myr. Ktw.Gd. KABOR, kt 2 kr, Sl.6

 (Medal parekan, Duryudana, Durna, Sangkuni, Karna, Kartamarma)

kurawa

Dhrodog … dog …

(Kabor, Kasirep)

Janturan :

 Swuh rep data pitana. Anenggih nagari pundi ta kang kaéka adi dasa purwa. Éka sawiji, adi linuwih, dasa sepuluh, purwa wiwitan. Senadyan kathah titahing déwa ingkang kasongan akasa, sinangga pratiwi, kaapit ing samodra, kathah ingkang anggana raras, nanging datan kadi Nagari Hastina, ya sinebat Nagari Liman Benawi. Mila kinarya bebuka, ngupaya nagari satus datan antuk kalih, sanadyan sèwu ‘tan jangkep sadasa. Dhasar nagari panjang punjung, pasir wukir, loh jinawi, gemah ripah, tata tur raharja.

Sinten ta jejuluking sri nata ing Ngastina, wenang dèn-ucapna, nenggih Mahaprabu Duryudana, Kurupati, Jakapitana, Hanggendarisuta. Mila jejuluk Duryudana, ateges naléndra ingkang abot sangganing aprang. Kurupati, angratoni darahing Kuru. Jakapitana, duk nalika sang nata sinengkakaké ngaluhur jumeneng naléndra nyata maksih jejaka dèrèng nambut silaning akrami. Déné Anggendariputra, nyata sang nata putra pambayuning Kusuma Dèwi Gendari.

Kacarita, Prabu Duryudana kondhang ing rat naléndra bèrbudi bèrbandha, remen hanggeganjar hangulawisudha, nanging kirang marsudi rèhing tata krami. Kadang satus kang sami nyantana dèn-ugung kesenengané. Marma sagung para kadang sami kaduk adigang, adigung, miwah adiguna, ngendelaké kadanging ratu.

Rep sidhem datan ana sabawaning walang ngalisik, ron-ronan datan obah, samirana datan lumampah. Ingkang kapiyarsa amung swaraning pradangga hanganyut-anyut binarung ocèhing kukila ingkang méncok ing waringin, miwah sabawaning abdi kriya gemblak kemasan, pandhé, ingkang samya nambut karya. Karengyan saking paséwakan, pating carengklang pating carengkling, imbal gantya lir mandyaraga, werdiné kaya gamelan. Teka amuwuhi asri renggeping panangkilan. Ing alun-alun papandhèn bandéra lelayu payung agung miwah bawat, tinon angendanu pindha mendhung. Para mantri bupati ingkang sami séba, ambèr ambalabar dumugi ing pangurakan yayah samodra pasang.

Nenggih sinten ta ingkang lenggah jajar klawan sang nata. Nenggih pujangganing kraton Begawan Durna ya Sang Kumbayana. Mabukuh marikelu munggwing ngarsa, nenggih Rekyana Patih Harya Sengkuni. Datan kantun Narpati Ngawangga, Prabu Karna Basusena. Semanten ugi pangéran ngiras paniti sastra, Radèn Harya Kartamarma ingkang wus sumahap munggwing ngayun. Dupi wus antara lama dènira lenggah tinangkil, sang nata sasmita mring sang rekyana patih arsa wawan pangandika.

Dhrodhog … dhog …

Kabor, udhar

Ldr. Sekar Ladrang Lesah, Sl.6

Dhrodhog … dhog …

(Suwuk)

Dog …

pathet nem ageng 1

pathet nem ageng 2

Dhog dhog dhog dhog dhog … dhrodog … dhog …

Ada-ada Girisa, sléndro nem (klik)

ada2 girisa

Dhog dhog dhog dhog dhog dhog …

Dhog dhog dhog dhog dhog … dhrodog … dhog …

Ginem

DURYUDANA

:

Nuwun mangké ta Bapa, Bapa Durna. Sarawuh Jengandika wonten ing paséwakan, kula ngaturaken pasegahan panakrami.
DURNA

:

O, kula nok-non, nuwun inggih, Sinuwun. Dahat suka marwata sutaning manah pun bapa ing Sokalima, kula tampi, kula petek wonten ing pranaja, mugi amewahana bawa leksana. Namung puji hastuti puja mantra sangking pun bapa ing Sokalima mugi konjuk wonten ing ngarsa Paduka, Sinuwun.
DURYUDANA

:

‘Nggih, kula pundhi kanggé jimat paripih, mugi handayanana kasantosan kula. Bapa Durna, mbok manawi andadosaken kagyating penggalih Jengandika, tumunten kula piji, kula rawuhaken ing paséwakan kalenggahan mangké.
Paman, Paman Harya Sengkuni. Apa baya adadi guguping atinira Paman, manira piji mangayun, Paman?
SANGKUNI

:

Kawula nuwun, nuwun. Saklangkung gurawalan anggèn kula nampi dhawuh Padukéndra.
DURYUDANA

:

Kakang ‘Dipati, kanti raharja sarawuh jengandika.
KARNA

:

Kawula nuwun inggih yayi Prabu. Mugi salam taklim pun Kakang konjuk wonten ing ngarsa Paduka yayi.
DURYUDANA

:

‘Nggih, kula tampi dhawah sami-sami Kakang ‘Dipati.Paman, paman Harya Sengkuni. Manira mundhut pawarta kados pundi kahananing Praja Ngastina, Paman.
SANGKUNI

:

Nok-non nuwun inggih, sedaya para kawula sami sahiyeg sahabipraya, gumolong cipta, rasa, karsa, miwah karyanipun, rainten-dalu anggung hambudidaya murih wewahing kaluhuran Nata Paduka Sang Aprabu.
DURYUDANA

:

Sokur mangayu bagya sèkethi jumurung. Kula nuwun mangké ta Bapa, Bapa Durna. Keparenga pinarak lenggah radi majeng sawetawis, badhé wonten gémbolaning raos ingkang nedya kula babar wonten ing paséwakan, Bapa.

Dhog …

Pathet Nem Jugag, Sl.6

pathet nem jugag sl.6

Ginem

DURNA

:

Kawula nuwun, nuwun Sinuwun. Keparenga pun bapa nganglungaken jangga nilingaken karna, tumunten kadhawuhna menggah menapa ingkang dados raosing penggalih Paduka Sinuwun?
DURYUDANA

:

Bapa, setunggaling wanci kula nampi wasitaning déwa ingkang kawursita wonten salebeting pasupenan. Bilih ing ‘ri kalenggahan mangké, déwa badhé ngandhapaken kanugrahan wahyuning keprabon, inggih wahyuning keraton, ingkang winastan Pepakem Makutharama. Ujaring wasita ingkang sampun kula tampi, badhé mandhap wonten ing tlatah Kutharunggu, wonten ing Swélagiri. Ing mriku wonten pithataning janma ingkang kinten kula dados sang awatara ing jagad ingkang nedya ambabar pepakemipun Prabu Ramadéwa duk rumuhun. Bapa, kula nyuwun dhawuh Jengandika babagan wahyu menika kadipundi, keparenga Bapa Durna paring pangandika sabtatama.
DURNA

:

Oh, lolé-lolé, somalolé somaranté jebebeg howéloh-howéloh, wana-wana dadi alas, alas-alas dadi wana. Kaluhuran dhawuh Paduka Sang Nata, bilih mboten klèntu, jer pun bapa ugi nampi wangsit ingkang mekaten.
DURYUDANA

:

Inggih, ngaturaken panuwun, Bapa.
SANGKUNI

:

Kula nuwun sèwu Sinuwun, keparenga kula badhé miterang dhateng Kakang Sokalima.
DURYUDANA

:

Iya Paman, mangsa bodhoa.
SANGKUNI

:

Kakang Durna?
DURNA

:

Apa, di Cuni?
SANGKUNI

:

Mara gagé aku wènèhana katrangan ingkang cetha, wong nggayuh wahyu lan ngopèni wahyu kuwi carané kepiyé?
DURNA

:

Yèn kowé kepéngin sumurup apa ta kang dèn-arani wahyu, wahyu kuwi suwijining kabegjan utawa kanugrahan peparing saka Kang Maha Kuwasa, ingkang ambabar daya luwih. Déné babaring daya luwih mau bisa wujud kesugihan bandha donya, bisa wujud panguwasa, uga bisa wujud drajat lan pangkat. Rèhning wahyu mau asalé saka Sing Gawé Jagad iki, mula ora bisa kinaya ngapa déning para titahé. Tegesé, ora bisa dirancang lan dipétung déning titah, jejering titah mung sakderma kanggonan utawa kedunungan. Dadi mung sakderma nglakoni. Kuwi waé sing ngarani wong liya, nganti sing kawogan dhéwé ora ngrumangsani. Wong sing nampani kabegjan utawa kanugrahan iku, banjur diarani wong kang kewahyon.
SANGKUNI

:

O….
DURNA

:

Lha yèn asalé wahyu mau, menawa manut pangandikaning para pinisepuh lan para nimpuna utawa para pinter, iku suwijining kukuban, sawijining undhuh-undhuhan utawa suwijining woh saka anggoné nandur, utawa anggoné gawé lelabuhan marang jagad iki. Mungguh sing nandur iku bisa awaké dhéwé, nanging uga bisa leluhuré. Déné carané nandur yaiku ora liya kejaba tapa-brata, yaiku nindakaké laku kaya patrapé wong sengsara. Nindakaké patrapé kaya wong kecingkrangan lan wong kekurangan, sarwa ora kepénak. Ditindakaké kanthi niyat, tékad, lan ati dhéwé. Mula ya kudu adoh saka rasa pangresula, ngundhamana, muring-muring, nanging kepara kudu dilambari nganti tekaning ati lila, nalangsa, sabar, lan narima.
SANGKUNI

:

Mengkono?
DURNA

:

Lha, sarèhning wahyu iku mujudaké sewijining kamulyan. Mula ya dadi pepénginaning sapa waé ingkang ngenggoni jejering dumadi. Presasat saben wong ingkang urip ana ing alam padhang iki, yèn ta ngerti marang werdining wahyu, wis mesthi kepéngin nggayuh. Nanging yakuwi, nadyan kepéngin nggayuh, nèk durung mesthi bisa kasembadan. Ya mung titah ingkang katarima déning Kang Murbèng Jagad, lan titah ingkang bareng klawan kabegjan, kang bisa kaparingan wahyu kang mengkono mau. Yèn ditonton saka ing kelairan waé, wong ingkang kedunungan wahyu iku wong sing patrap uripé pedinan sarwa prasaja, sarwa temen, adoh saka watak lelamisan, dhemen ngajèni marang sapa waé, hambeg susila anuraga, ora dhemen marang bangsaning cecongkrahan, anané mung sarwa hamemayu rahayuning kahanan sakwutuhé. Kejaba saka iku, ing rèh kebatinané ora naté kendhat anggoné nindakaké wewatoning urip ingkang wis dianggep dadi pepakem. Kuwi, di Cuni.
SANGKUNI

:

Ooo, tinemuné kok ya angèl temen wong kewahyon?
DURNA

:

Angèl. Ora angger wong. Cara-cara kaprigelan, ‘isa disinau. ‘Ning angger tekan nggon kewahyon, ‘ki angèl. Wong ‘ki nèk kewahyon, obah mamah ménggok ngemplok. Apa-apa sarwa kebeneran. Kuwi wong kawahyon. Béda karo wong sing ora ketrima, suket godhong dadi mungsuh. ‘Agi nduwé penemu bener, mesthi disalahaké nguwong. Nèk wong ora kebeneran kaya ngono kuwi.
SANGKUNI

:

Lha nèk kira-kira, kira-kira Kurawa ‘ki bisa nggayuh apa ora, Pepakem Makutharama kuwi?
DURNA

:

Mengko dhisik. Aku krungu pawarta, binandhung ing karna, ujaring bakul sinambiwara.
SANGKUNI

:

Bakul sinambiwara ‘ki apa?
DURNA

:

Bakul sinambiwara ‘ki sudagar gedhé.
SANGKUNI

:

Krungu kabar apa Kakang?
DURNA

:

Aku krungu pawarta yèn ta panengah Pandhawa si Janaka linggar saka ing kasatriyan. Mangka adat lupiya ingkang wis kawuri, uger Janaka méntar mangka nedhengé ana wasita bakal tumedhaking kanugrahan gedhé, ponang wahyu, saka pangrasaning pun kakang Sokalima, mesthi Janaka ngudi tumuruning kanugrahan iki.

Dhog …

Sendhon Pananggalan, Sl.6

sendhon penanggalan 1

sendhon penanggalan 2

Dhog dhog dhog dhog dhog … dhrodog … dhog …

DURYUDANA

:

Hem. Bapa Durna, nembé mangertos menika manawi Dhimas Permadi oncad saking Kasatriyan Madukara. Manawi ta tetéla mekaten, kula sampun saged anjagèkaken, yèn kula anggadhahi pepénginan badhé ngudi tumuruning kanugrahan, ingkang putra pun Jakapitana tartamtu mboten badhé saged kasembadan.
SANGKUNI

:

Cetha, manawi Janaka menika tumandang ngupaya wahyu, tartamtu Kurawa mboten badhé ngukup menapa-menapa.
DURNA

:

‘Ko ‘sik ‘Dhi Cuni, aja cilik ati. Wong kuwi kudu sing nrima. Narima iku tumanggaping ati ingkang jembar, ‘ning ya kudu santosa ing sedya.
SANGKUNI

:

Carané nrima piyé?
DURNA

:

Aja sok serik, lan aja nduwèni pangira-ira marang liyan. Merga aku wis kandha ing ngarep, yèn ta wahyu kuwi kudu jinangkah lan kudu digayuh. Dhasaring narima siji: narima sak-anané. Liré, upamané nyandhang nganggo lan memangan mung sak-anané, ora ngaya golèk onjo lan ora golèk sing mirasa. Kuwi tegesé wong nrima. Panganan kuwi marakaké apa. Énaké pangan ya wis mung ngana kaé, ora wurung nèk kokèhan panganan énak ya mung lara gula. Banjur narima sakkecekelé. Liré, pangudining raja brana ora nggregut banget, nganti dredah amarga nyahak wewenanging liyan. Sabanjuré narima sakkuwaté. Liré, pangangkating sesanggan ora dirosani ‘ning yèn abot disèlèhaké, mung samurwat klawan drajaté. Banjur uga ana laku nrima yèn ta diseriki, disengiti, ora bakal ngandhut tatuning ati, kepara ngrumangsani lamun ta awaké dhéwé ingkang isih kurang becik déné durung disenengi déning uwong. Nrima yèn diwirangaké. Liré, kinira gawé panasing ati iku kaanggepa ngundhakaké panemu, déné nganti bisa digawé wirang déning wong liya, nedya ngunduri tindaké ingkang nuwuhaké wirang mau. Dadi yèn ta wong iki bisa narima kaya tuladha-tuladha ingkang tak-kandhakaké kabèh mau, saka pangrasaku bakal bisa ènthèng jroning pikiré satemah bisa nampa kanyatan iki, ora susah jubriya menyang sapa-sapa.
DURYUDANA

:

Bapa Durna.
DURNA

:

Kula wonten dhawuh.
DURYUDANA

:

Nanging tetep ancasing sedya kula kepéngin ngudi tumuruning kanugrahan.
SANGKUNI

:

Sinuwun, kados kirang prayogi menawi Paduka piyambak ingkang nyalirani.
DURYUDANA

:

Prayogané piyé Paman?
SANGKUNI

:

Kinten kula upami ta leres pekabaran menika, Radèn Janaka ngupaya tumedhaking kanugrahan agung Pepakem Makutharama, ing mriki wonten priyantun ingkang sembada njajari lenggahipun Janaka.
DURYUDANA

:

Sinten Paman?
SANGKUNI

:

Mboten sanès kejawi namung ingkang raka Ngawangga, ingkang minulya Sang Adipati Karna Basuséna. Manawi Paduka Sinuwun kepareng utusan ingkang raka ing Awangga, kinten kula badhé saged lebda ing karya. La punika sampun katingal marak ngabyantara, swawi kadangua piyambak.
DURYUDANA

:

Kakang ‘Dipati, Jengandhika sampun mireng piyambak bilih ing dinten mangké jawata badhé ngandhapaken kanugrahan Pepakem Makutharama ingkang badhé mandhap wonten ing Pertapan Swélagiri ing Kutharunggu. Ing ngriku kacariyos wonten pandhita wakiling Kang Akarya Jagad, ingkang badhé ambabar pepakemipun Prabu Ramadéwa duk rumuhun, ingkang peparab Begawan Késawasidi. Jengandika Kakang Narpati mugi kersoa tedhak dhateng Kutharunggu nyatakaken wasita kala wau. Éwadéné kapara yekti, kadospundi éguh pertikel pemanggihipun Kakang ‘Dipati, kula borongaken sakwetahipun. Ingkang baken kondur Jengandika mring Negari Ngastina saged mboyong Pepakem Makutharama.
KARNA

:

Adhuh, Yayi Prabu kadanging pun kakang. Tumrap rakanta ing Ngawangga presasat kadidéné warastra ingkang sampun tinumpangaken wonten kendhenging langkap, Yayi Prabu ingkang nglésan. Manawi Yayi Prabu badhé ngelès mangidul, kula badhé dhawah wonten kidul. Yayi Prabu Jakapitana nginceng ngalèr, pun kakang badhé dhawah wonten ing lèr. Dinten mangké kula badhé nyendikani dhawuh Paduka. Keparenga kula nyuwun pamit tambahing pangèstu sageda lebda ing karya.
DURYUDANA

:

Inggih, nganthiya kadang Sata-Kurawa sakcekapipun. Mboten langkung namung pamuji kula ingkang ndhèrèkaken jengkar Paduka Kanjeng Kaka Prabu Ngawangga.

Dhrodog dhrodhog dhrodhog dhrodhog dhrodhog … cek…cek…cek…

karna

(Srepeg, Sl. Nem. Karna késah)

Dhrodog … dhog …

(Srepeg  Suwuk tamban )

Ginem :

DURYUDANA

:

Bapa Durna.
DURNA

:

Kula wonten pangandika ingkang adhawuh.
DURYUDANA

:

Kakang ‘Dipati Ngawangga sampun jengkar.
DURNA

:

Lha inggih, menika langkung prayogi, pun bapa ndhèrèk bingah.
DURYUDANA

:

Kula aturi memuji dhateng panguwasaning déwa, mugi-mugi sageda kasembadan sedya kula.
DURNA

:

Nuwun inggih, ngèstokaken dhawuh ‘Nggèr.
DURYUDANA

:

Paman Sengkuni.
SANGKUNI

:

Kula nok-non, wonten pengendika ing adhawuh.
DURYUDANA

:

Mepaka para kadang Sata-Kurawa kinèn padha miranti, ngombyongi jengkaré Kakang ‘Dipati Ngawangga.
SANGKUNI

:

Nok-non, nuwun inggih, ngèstokaken dhawuh. Kepareng amit madal pasilan.
DURYUDANA

:

Yayi Kartamarma.
KARTAMAMA

:

Kula wonten pangadika ing adhawuh, Kaka Prabu.
DURYUDANA

:

Bubarna kang nggantung séba, pun kakang jengkar ngedhaton, Yayi.

Dhog …

Pocapan :

Lah ing kana ta wau, wus titi purnèng gati paséwakan, sang nata sasmita arsa jengkar manjing Lokapusantara. Saksana para wahini pawongan cèthi ingkang samya ngampil upacarèng aji, rep regedeg nguncupaken asta minangka tandha pakurmatan. Yayah binayangkaré konduring Sang Nata Prabu Duryudana.

Dhrodog … dhog …

Bedholan

(Ldr. Bayangkare. Sl Myr. Kalajengaken Ayak-Ayak. Sl. 6, kayon tanceb tengah)

kayon

Dhrodog … dhog …

(Ayak-ayak, suwuk)

Kedhatonan

Dhog …

Pocapan :

Lah ing kana ta wau, wus lumarap lampahira nyai emban, unjuk uninga mring ngarsaning Sang Ayu Banowati. Nengga kawuwusa, ganti ingkang winursitèng kawi, ora kaya ingkang mapan ana ing gupit mandragini, kaya nandhang Asmara.

Dhrodog … dhog …

Ldr Asmaradhana Sl.Myr

(Limbuk medal, mlampah sarwi jejogèdan. Kasusul Cangik medal, ugi mlampah sarwi jejogédan. Lesmanawati medal, kasusul Banowati.)

PANDU, GANDAMANA DAN ARYA SUMAN

Posted by hasysa on 19 April 2013
Posted in: BERANDA. Tagged: arya suman, gandamana, luweng, pandu, tundung. Tinggalkan komentar

Tiga tokoh ini menjadi fokus dalam lakon “Gandamana Tundung” atau “Gandamana Luweng”. Pada intinya meskipun Pandu merupakan sosok pertapa, berbudi luhur, bijaksana, dan penuh wibawa, tetapi ia termakan tipudaya Arya Suman, adik ipar Destarastra kakak Pandu sendiri. Sehingga atas dasar tipu daya penuh kelicikan Arya Suman perang antara Hastina dan Pringgandani terjadi dan puncaknya Pandu mengambil kebijakan melengserkan Gandamana dari kedudukan sebagai patih dan mengangkat Arya Suman sebagai gantinya. Kemudian terkenallah sebutan patih Sengkuni. Selengkapnya ….

“PANDU, GANDAMANA DAN ARYA SUMAN (GANDAMANA TUNDUNG)”

Posted by hasysa on 19 April 2013
Posted in: BERANDA. Tinggalkan komentar

Menonton dunia pewayangan memang asyik terutama bagi yang memahami serta menghayati nilai-nilai filosofis di dalamnya. Katakan dalam lakon di Negara Hastina, Gajah Oya, atau juga disebut Kurujanggala yang popular dengan judul “Gandamana Tundung”. Semula negara ini dipegang oleh sang Resi, Begawan, atau sang Tapa Abiyasa. Kemudian diserahkan kepada anak sang Begawan tersebut yang juga merupakan sang Tapa yang bernama Pandu Dewayana atau Pandu Dewanata. Selengkapnya ….

SULUK PEDALANGAN

Posted by hasysa on 19 April 2013
Posted in: BERANDA. Tagged: cakepan, manyura, nem, notasi, pathet, pedalangan, sanga, suluk, titi laras. 4 Komentar

Pendahuluan

Dalam buku “SERAT TUNTUNAN SULUK” (Kodirun : 1964) dijelaskan bahwa “suluk” adalah semacam puisi atau sanjak, berasal dari kata “su” (indah, lebih) dan “luk” (suara), sehingga artinya suara yang indah.

Suluk dalam pedalangan di sini mencakup : pathetan, sendhon dan ada-ada. Secara praktis catatan suluk ini –yang menurut istilah Ki Kristiaji, S.Sn seorang praktisi Omah Wayang Klaten-, dibagi menurut wilayah waktunya yang dikenal dengan tiga wilayah waktu. Pertama, Pathet Nem. Kedua, Pathet Sanga. Ketiga, Pathet Manyura. Sekedar contoh yang secara praktis digunakan dalam satu pagelaran pakeliran semalam suntuk dengan merujuk pada materi pembelajaran di Omah Wayang Klaten, baik dalam bentuk teks (cakepan), teks beserta notasi (titi laras), maupun audio, sebagai berikut…. Selengkapnya ….

PEMBELAJARAN PEDALANGAN DI “OMAH WAYANG KLATEN”

Posted by hasysa on 19 April 2013
Posted in: BERANDA. Tinggalkan komentar

Sekilas tentang Omah Wayang Klaten

Lokasi keberadaan “Omah Wayang Klaten” terletak di Dusun Jombor, Desa Danguran, Kecamatan Klaten Selatan, Kab. Klaten. Email: omahwayang@yahoo.co.id & ddkrystiadi@gmail.com.

Keberadaan “Omah Wayang Klaten” menurut http://omahwayangklaten.blogspot.com/ berawal dari keprihatinan terhadap hidup, tumbuh dan berkembangnya budaya jawa serta keinginan untuk mewujudkan sebuah Pusat study seni tradisional adalah daya utama yang mendorong berdirinya kebon pasinaon “Omah Wayang Klaten”

Berbekal kesederhanaan lembaga Pusat kegiatan Belajar
Masyarakat (PKBM) Dewi Fortuna sebagai lembaga satuan
Pendidikan Nonformal berbasis seni yang didirikan oleh seniman
Ki. R.Tmg.Suwito Dipuro, S.Kar, dosen Ki Drs. Nuryanto, M.Hum
dan praktisi Kristian Apriyanta,S.Pd dengan Akta Notaris No. 15
Tgl 28-09-2005, Ijin Oprasional No.220/pkbm/13.08 tgl 31-01-2008
Nilem ; 33.1.14.4.1.0011, NPWP 02.514.106.0.525.000, mencoba
menawarkan program pengenalan, pendalaman, pelatihan dan
apresiasi seni budaya jawa dengan segala aspeknya (wayang
Karawitan, Kethoprak, Tari) secara “live in”, juga layanan
pendidikan dan pemberdayaan masyarakat. Hal ini diharapkan
akan mampu memperkaya dan memberi kontribusi bagi kita untuk
menambah pengetahuan dan membangun ketahanan seni budaya
tradisional Jawa, sebagai tanggung jawab kita bersama. Selengkapnya….

LAKON WAYANG KULIT

Posted by hasysa on 19 April 2013
Posted in: BERANDA. Tagged: budaya, jawa, pelestarian, seni, wayang kulit. Tinggalkan komentar

Sungguh sudah selayaknya jika kita para pecinta wayang kulit “acung jempol” dan memberikan apresiasi yang tinggi kepada para inspirator dan motivator terhadap pemeliharaan dan pelestarian seni budaya Jawa, khususnya wayang kulit melalui dunia maya. Mas Prabu sungguh luar biasa dalam mengerahkan tenaga, pikiran, waktu, bahkan biaya, demi usaha ini dengan dibuktikan secara lengkap berbagai konten tentang dunia wayang ini. Di samping blog Mas Prabu :http://wayangprabu.com, yang sangat lengkap kontennya itu, ada juga blog-blog lain yang juga perlu kita apresiai. Selengkapnya….

SELAMAT BERKUNJUNG

Posted by hasysa on 26 Desember 2011
Posted in: BERANDA. Tagged: lakon, pedalangan, suluk, wayang. Tinggalkan komentar

SELAMAT BERKUNJUNG

Kami ucapkan SELAMAT BERKUNJUNG di “WAYANG KULIT : TUNTUNAN DALAM TONTONAN”. Blog ini sengaja kami rancang dan persiapkan untuk menjadi salah satu media untuk ikut memelihara, melestarikan serta menanamkan budi pekerti luhur bangsa melalui seni budaya tradisional Jawa yang berupa wayang kulit.

Bagi siapa saja yang berminat terutama para pecinta wayang kulit, dapat mengeksplor konten-konten yang disajikan :

  1. BERANDA
  2. KARAKTER
  3. LAKON
  4. OMAH WAYANG KLATEN
  5. SULUK PEDALANGAN
  6. TENTANG KAMI
  7. TONTONAN
  8. TUNTUNAN

Semoga bermanfaat, terima kasih.

Navigasi pos

  • Translate

    Translate this page
  • Tulisan Terakhir

    • REUNI ALUMNI SMADA REMBANG 6 Juli 2013
    • “DURMAGATI MBELING” 25 Mei 2013
    • NASKAH PAKELIRAN KLASIK : MAKUTHARAMA (2) 12 Mei 2013
    • NASKAH PAKELIRAN KLASIK : MAKUTHARAMA (1) 11 Mei 2013
    • PANDU, GANDAMANA DAN ARYA SUMAN 19 April 2013
  • Arsip

    • Juli 2013
    • Mei 2013
    • April 2013
    • Desember 2011
  • Statistik Blog

    • 170.028 hits
  • Meta

    • Buat akun
    • Masuk
    • Feed entri
    • Feed Komentar
    • WordPress.com
  • arya suman budaya cakepan cangik gandamana jawa kresna kurawa lakon limbuk limbukan luweng manyura nem notasi pandu pathet pedalangan pelestarian Rembang resi bisma Reuni sanga seni SMADA suluk titi laras tundung wayang wayang kulit yudistira
  • BERANDA NASKAH
  • Kategori

    • Beranda
    • SULUK PEDALANGAN
    • OMAH WAYANG KLATEN
    • NASKAH
    • LAKON
    • KARAKTER
    • TUNTUNAN
    • TONTONAN
  • September 2026
    S S R K J S M
     123456
    78910111213
    14151617181920
    21222324252627
    282930  
    « Jul    
  • Berlangganan Langganan
    • hasyafiisalim.wordpress.com
    • Sudah punya akun WordPress.com? Login sekarang.
    • hasyafiisalim.wordpress.com
    • Berlangganan Langganan
    • Daftar
    • Masuk
    • Laporkan isi ini
    • Lihat situs dalam Pembaca
    • Kelola langganan
    • Ciutkan bilah ini
Memuat Komentar...