Dhrodog … dhog …
(Asmaradhana, Kasirep)
Janturan :
Sorot mancur mencorong mijil saking putri winongwong, nenggih Dèwi Banowati, musthikaning uwong. Nyata ayu akarya lamong, akèh priya kang kepéngin mboyong, dadi kembang lambé pating clemong, akèh kang gandrung kloyong-kloyong. Lamun Sang Banowati liwat, para priya mung pating plenggong plompang-plompong ora kuwat ndulu bundering bokong.
Nyata tetungguling memanis. Réma njanges semu wilis, sinom lir ron pakis, nanggal sepisan kang alis, lathi abang lir manggis, janggut nyathis, pamulu hambenglé kéris. Yèn dandan ora uwis-uwis. Payudara lir bluluk kuning dèn-prenah mrih manis, sinangga kemben dadya munjuk sawetawis, mula ora susah dikepeti wis ésis.
Dedegé ora sangkuk, asta lir gendhéwa tinekuk, driji kaya saya minggah saya mucuk, padharan ora mblendhuk, ponang pocong nyenthing munjuk, disawang saka mburi cundhuk, ngiringan mathuk, ngarep …. Bojo kaya Dèwi Banowati sewayah-wayah gathuk, awan sayuk, wengi njuk, luwih-luwih yèn ta ‘bar adus ésuk.
Dhasar pinaringan nugrahaning Widhi, sembada ing warna soroté mancur. Téjanirèng tambara wening, liringing nétra kumenyar, soroté ngenguwung awenes-wenes kamantyan turut marang kumbaning grana kéngis. Sedhep amantesi soroting jaja wiletan, ngasmara kéndra lampahé. Dedeg ndedeling lurus, swara gandem arum manis, jaja wijang èsmu ngengret. Tindak tajem luruh, dlamakan lempah tarincing, tapaké nora siwah. Lambung miyer turut, lunging jangga sapaningal, asta membat lémbéhan kaya merak kesimpir. Pamidhangané lir traju rukma, turuting tenggak ukelé tajem tekeming jejengku.
Pendhak-pendhak Sang Nata Prabu Kurupati miyos tinangkil, Sang Dèwi Banowati miyos munggwing prabasuyasa, sinambi mriksani gebyakaning para bedhaya srimpi, keplok imbal angedasih senggakan arebut wirama. Hambèr hamblabar sanggya para cèthi miwah para pawongan ingkang samya sumahap munggwing ngayun. Sinten ta ingkang mabukuh ngumala ‘rum. Nenggih menika ingkang putra Dèwi Lesmanawati, ‘tan prebéda ayuné klawan ingkang ibu, mung kladuk luruh.
Nalika ing mangké nuju suwuking pradangga, ana tengara konduring Sang Nata Prabu Jakapitana. Gupuh-gupuh Sang Retna ’Yu Dèwi Banowati ngrakit tirta munggwing sangku, kinarya amijiki padanira sang raka Prabu Duryudana. Dadya guragapan amethuk mring rawuhnya Sang Prabu Kurupati. Tinut ing wuntat ingkang putra kinasih Dyah Lesmanawati miwah sanggya para parekan.
Dhrodog … dhog …
(Asmaradhana, udhar)
(Banowati mapag rawuhipun Duryudana, kedhèrèkaken Lesmanawati, Cangik, tuwin Limbuk.)
(Duryudana pinanggih Banowati.)
(Duryudana lan Banowati lenggah ing kedhaton, kaadhep Lesmanawati, parekan, Cangik, tuwin Limbuk.)
Dhrodog … dhog …
(Ldr. Asmaradhana, Kasuwuk)
Dhog …
Pathet Ageng, Sl. Myr
Dhog dhog dhog dhog dhog … dhrodog … dhog …
BANOWATI | : | Kawula nuwun, nuwun, dèrèng sawetawis dangu kepareng rawuh Paduka Kanjeng Sinuwun, anjanur gunung déné radi randhat anggèn Paduka miyos siniwaka, kula ngaturaken pangabekti, Sinuwun. |
DURYUDANA | : | Yayi Ratu, ya tak-tampa gawé bombonging rasa. Ora liwat pangestuné pun kakang tumrapa marang jenengpara, Yayi Ratu. |
BANOWATI | : | Dahat kapundhi éngga jimat paripih, Sinuwun. |
LESMANAWATI | : | Rama Prabu, kula ngaturaken pangabekti mugi konjuk. |
DURYUDANA | : | Lesmanawati anakku wong ayu, ya, taktampa gawé bombonging rasa. Ora liwat pangèstuku tampanana, Lesmanawati. |
LESMANAWATI | : | Kapundhi éngga jimat paripih, mugi anda- yanana kasantosan, Rama Prabu. |
BANOWATI | : | ‘Bat-tobat-tobat. Wonten wigatos menapa, Sinuwun kadi nyalawadi paséwakan ing ‘ri kalenggahan mangké. Keparenga ambabari garwa Paduka kula pun Banowati, Sinuwun. |
DURYUDANA | : | Yayi Ratu, déwa bakal ngudhunaké Wahyu Pepakem Makutharama, ingkang bakal mudhun ana ing tlatah Swélagiri. Kacetha ing kono jroning wangsit ana pandhita ingkang angasrama kang peparab Begawan Késawasidi, ingkang bakal amedharaké pepakeming Prabu Ramawijaya duk rumuhun. Ujaring wangsit, sapa ingkang kadunungan kenugrahan yekti bakal pinardawa kamulyané, dadi ratuning para ratu. Mula Yayi, rada suwé jroning paséwakan merga bingung rasaku aku krungu pawarta yèn ta Janaka lunga saka kasatriyan. Adat lupiya yèn ta marengi mudhuning kanugrahan Janaka lunga, ora wurunga wahyuné mesthi nèmplèk menyang wong Pendhawa. Mula ‘pisan iki aku njaluk dongamu. Pujèk-pujèkna Janaka upama golèk wahyu aja oleh gawé. |
BANOWATI | : | ‘Bat-tobat-tobat, kénging menapa Paduka paring dhawuh ingkang mekaten? Lajeng sambung rapetipun menapa kula kaliyan ‘Dhimas Permadi? |
DURYUDANA | : | Tirokna gunemanku. |
BANOWATI | : | Nuwun inggih. |
DURYUDANA | : | Muga-muga …. |
BANOWATI | : | Muga-muga …. |
DURYUDANA | : | Kaparenging déwa …. |
BANOWATI | : | Kaparenging déwa …. |
DURYUDANA | : | Permadi nggoné golèk wahyu …. |
BANOWATI | : | Permadi nggoné golèk wahyu… |
DURYUDANA | : | Aja kasembadan. |
BANOWATI | : | Kasembadan. |
DURYUDANA | : | Balèni menèh. |
BANOWATI | : | Mboten saged. Sampun mboten apal. |
DURYUDANA | : | Klèru ‘ki kenèk dibalèni. Klèru kok mbandhang. |
BANOWATI | : | Nuwun inggih, nuwun inggih. Inggih. Mbok inggih manawi mekaten lajeng kepareng Paduka? |
DURYUDANA | : | Aku wis kongkonan Kakang Narpati Nga- wangga, supaya munggah marang Kutharunggu. Idheping tékadku mung kepéngin nggayuh tumuruning Wahyu Pepakem Makutharama. |
BANOWATI | : | ‘Bat-tobat-tobat, manawi mekaten mbok iya mangga dipun-sesuwun wonten salabeting sanggar palanggatan kéwala, supados saged kasembadan sedya Paduka Sinuwun. |
DURYUDANA | : | Sakdurungé munggah menyang sanggar palanggatan, aku kepéngin madhang. |
BANOWATI | : | Nuwun inggih. Sedaya inggih sampun Cumawis, menawi badhé bujana. |
DURYUDANA | : | Golèkna sambel kemangi. |
BANOWATI | : | Nuwun inggih, nuwun inggih, sampun cu- mawis. |
DURYUDANA | : | Digarap sing apik. |
BANOWATI | : | Nuwun inggih, nuwun inggih. |
DURYUDANA | : | Hem, Banowati, dhèrèkna pun kakang bojana. |
BANOWATI | : | Mangga Sinuwun, kula ndhèrèkaken. |
Dhog …
( Dhog pisan Sendhon )
Sendhon Kloloran, Sl. Nem
Dhog dhog dhog dhog dhog … dhrodog … dhog …
(Duryudana saha Banowati manjing kedhaton, kadhèrèkaken Lesmanawati. Cangik tuwin Limbuk kantun wonten jawi.)
Limbukan
CANGIK: | : | Anakku ‘ndhuk, anakku ’nggèr, kowé kok ndomblong bareng nyawang Ingkang Sinuwun kekanthèn asta bakal bojana andrawina ‘ndhuk, kowé kok ndomblong, ’nggèr? |
LIMBUK | : | Ya, ‘Mak. Sinuwun bisa gandhèng asta karo Gusti Putri kaya ngono kok, aku kok ya ora ènèk sing ngandhèng, ya ‘Mak. |
CANGIK | : | Oh, anakku ‘ndhuk. Kowé ‘ki Limbuk mbiyèn, ya wis pol-polé ya gur ngono kuwi. |
LIMBUK | : | Iya iya ‘Yung, iya. |
CANGIK | : | Heeh. ‘Nggèr, kadéwasaning manungsa winates. Kowé lagi semono drajatmu, lagi semono ukurmu. Ora ngukur sapa-sapa, ngukur awaké dhéwé. |
LIMBUK | : | Iya ‘Mak, iya. |
CANGIK | : | Mumpung iki gustimu lagi kepareng dhahar. |
LIMBUK | : | Yèn ngono apa awaké dhéwé ngentèni lorotan, karo isah-isah mengko ya ‘Mak? |
CANGIK | : | Sing dilorot apa? Wong ming timun dicampuri karo ampas kambil. |
LIMBUK | : | Malah sehat. |
CANGIK | : | Heeh, ’nggèr, ’nggèr, iya. Iki kanca pradangga komplit, saka pengrawit kraton. |
LIMBUK | : | Kraton ngendi? |
CANGIK | : | Adhuh ‘dhuh, abdi dalem Omah Wayang. |
LIMBUK | : | Lae … lae …., apa ana Mak ? Sajege iki yen wayang iku, apa ora kothak Mak ? Apa ana wayang sing duwe omah ? |
CANGIK | : | Adhuh ‘dhuh …. |
LIMBUK | : | Kok sambat terus, tha Mak ? |
CANGIK | : | Piye, tha ndhuk Makmu iki ora sesambat? Jaman kaya mangkene duwe anak, kok isih cupet wawasane. Ya kaya ngono iku oleh-olehe bocah, dikon sekolah wegah, dikon sinau ngguya-ngguyu, dikon srawung malah bingung, dikon golek pengalaman malah ra karu-karuan. |
LIMBUK | : | Apa ‘ra kuwalik, tha Mak ? Piye, aku arep melu kanca-kancaku sekolah. Lha, dhuwite sangka ngendi, tha Mak ? Arep srawung, piye ra bingung ra karu-karuan ? Kanca-kancaku iku sandangane apik-apik, ‘dha nggegem hape apik-apik. Lha…, apa aku bok wenehi biaya ? Aku bok tukokna apa, hayo ? |
CANGIK | : | Heeh, ‘ngger, ndhuk, anakku. Jan-jane ya ‘ra mesti kaya ngono. Sekolah iku ‘ra mesti ‘mung mligi kanggo anake wong sugih-sugih whae. Okeh dedalan kang bisa digayuh. Sekolah iku, ya ‘ra ‘mung sekolah formal, nanging uga ana sekolah informal, lan nonformal. Babagan kaya ngene iki sing kawogan ya ? Iku lho ‘Nduk, kaya ingkang minulya, panjenenganipun Bapak Apriyanto. Titele ‘rak Es Pe De, tha? |
LIMBUK | : | Es Pe De, iku … Se Pe Da, tha Mak? Apa … Susah Pokoke Deh ? |
CANGIK | : | Hus…, bocah ‘ra tata. Es Pe De … iku Sarjana Pendidikan, ngono. Ya, kanthi kaprigelan babagan Pendidikan, apa maneh duweni kaprigelan bab teknologi informasi, sarta disengkuyung dening prapinisepuh kang winasis kaya ingkang minulya, panjenenganipun Bapak Wita Radya, Sarjana Karawitan; Bapak Nuryanto, Master Hukum, Bapak Kristiaji, Sarjana Seni lan sapanunggalane. |
LIMBUK | : | Whalah … Mak ? Kok kaya wong gedhe-gedhe whae rembugane. Bab es-es iku aku ‘rak ya wis kerep tha Mak, ngombe es. Terus … rawit-rawitan, aku ya wis kerep bok ‘kon nyambel lombok rawit. Seni, apa maneh…, apa ya yen aku arep seni nyang ngguri ya kudu wara-wara ? |
CANGIK | : | Tobat … tobat, nyuwun pangapura Gusti. Duwe anak kok kaya mengkene. |
LIMBUK | : | Piye tha Mak, kok ‘ra kebeneran terus ? Malah saya tambah bingung aku. |
CANGIK | : | Limbuk…, anakku sing ayu denok debleng. Nyang Jombor Danguran, Klaten Selatan, iku ana sawijining lembaga masyarakat kang sinebut … Omah Wayang, tempat Pasinaon Seni Budaya Tradisional Jawa. Wah, Omah Wayang iku wis moncar saindenging bawana, lho ‘Nduk ? Malah ana, lho ‘Nduk, ya, kerana kemajuan teknologi informasi, nganggo sarana internet, sawijine bapak-bapak kang wis sepuh sangka jaban rangkah Jawa, ya iku tlatah negara kitha Indonesia sing paling kulon, kepulauan Bangka Belitung, pase ana kutha Pangkalpinang. |
LIMBUK | : | Arep ngapa tha Mak, panjenengane keraya-raya perlu ‘nyang Omah Wayang? |
CANGIK | : | Lha…, ya iku. Apa ‘ra isin, kaya kowe lan kanca-kancamu sing cedhak whae ‘ra gelem melu sinau, kaya kowe iku ‘rak isa tha melu sinau nyinden upamane. Lha… wong panjenengane iku lagi ongkos pejalanane sablasan whae ‘ra sethithik lho ‘Nduk. Numpak montor mabur sangka Pangkalpinang nyang Jakarta, terus medhun Ngayohyakarta Hadiningkrat, pungkasane teko nyang Jombor iki. |
LIMBUK | : | Whalah… Mak. Aku malah wedi numpak montor mabur. Mbediding….magep-magep. Enak numpak dokar hae Mak…. |
CANGIK | : | Bocah ‘ra tata. Wis-wis, ‘Nduk. Supaya Ingkang Sinuwun seger ‘nggoné dhahar, nèk krungu swaraning, mirengaké swaraning pradangga. |
LIMBUK | : | Ya. Adat lupiya sing kawuri, Sinuwun kuwi karemané mesthi bangsaning jineman. |
CANGIK | : | Heeh. Rungokna swarané. Uler kambang… |
LIMBUK | : | Iya. |
Dhrodhog … dhog …
Jineman ULER KAMBANG, slendro sanga
(Andhegan Uler Kambang)
Dhrodhog … dhog …
(Uler Kambang, suwuk)
CANGIK | : | Matur sembah nuwun. |
LIMBUK | : | Apa maneh Mak ? |
CANGIK | : | Sing jenengé wong urip ana ing alam padhang iki, tinitah urip ana ing alam ndonya, umuré wong ‘ki apa nganti kok seratus telung puluh taun? Ora ènèng. Upama ta ènèk satus taun ‘ki wis klebu suwé nggoné urip ‘nèng ndonya, malah ‘ra kepenak. Mangan sate, wis ‘ra duwe untu. Mangan sop balung, whalah cilaka maneh. Mangan kuwaci, whalah ‘Nduk… ‘Nduk. Pokoke wis ‘ra nikmat sakabihane. Lan arang wong urip nganti umuré semono kuwi. ‘Ning nèk ngélingi ragané sing dipendhem ‘nèng mbumi iki bisa nganti jutaan taun, mula uripé wong ‘nèng ndonya sing umur kira-kira ya mung nganti satus taun kuwi bebasané mung sedhéla. |
LIMBUK | : | Iya, mula ènèk sing ngarani mampir ngombé kaé. |
CANGIK | : | Iya, mula. Aja ngombé. Memelas banget nèk wong-wong sing padha ora gelem percaya menyang sangkan-paraning dumadi, lan ora weruh dalan bener sing kudu diambah murih rahayuning urip ana ing ngakir mbésuk ‘ndhuk. |
LIMBUK | : | Iya ‘Mak. |
CANGIK | : | Lha apa ta sebabé wong kok ora mikir sangkan-paraning pati, merga saka gumendhung. Uripé akèh-akèhé mung ngendel-endelké, mula ora gelem rumangsa lan ngakoni nèk sejatiné jiwané dilimputi pepeteng, merga kesenengané ngedohi pepadhang. |
LIMBUK | : | Iya. |
CANGIK | : | Kuwi mbésuk bakal nampa piwelèh, wujudé penandhang ana alam pepeteng, naroko Jahannam. |
LIMBUK | : | O ngono? Kowé ‘ki nèk ngendika marahi medèn-medèni ‘aé. |
CANGIK | : | Lho, kuwajibané wong tuwa ngandhani anak ngono kuwi. |
LIMBUK | : | Iya. Mak kaé ketoké lé dhahar tanduk, Sinuwun. |
CANGIK | : | Wah. Léléné dientèkaké, malahan, ‘dhuh. |
LIMBUK | : | Gusti Duryudana kok ya remen lélé? |
CANGIK | : | O ‘dhuh, alah, gèk ‘nggon endhas ngantèk resik. Brengos-brengosé barang di …. |
LIMBUK | : | É é é …. |
CANGIK | : | Ya nèk ngono ya diimbuhi ‘ndhuk, gendhingé ‘yo …. ‘ben mari kangene …. |
LIMBUK | : | Iya. |
Dhrodhog … dhog …
Jineman MARI KANGEN, sléndro manyura
Dhrodhog … dhog …
(Mari Kangen, suwuk)
CANGIK | : | Heeh. Ayo, kaé katoné wis rampung nggoné dhahar, ayo dikukuti. Lorotan-lorotan kaé wadhahana, gawanen mulih ‘ndhuk. |
LIMBUK | : | Iya. |
CANGIK | : | Balung-balung kaé, ‘nèng ngomah ‘isa disesepi |
LIMBUK | : | Iya ‘Mak. |
Dhog …
Ada-ada Girisa, sléndro nem
Dhog dhog dhog dhog dhog dhog dhog dhrodhog dhog dhog ….
Dhog dhog dhog dhog dhog … dhrodog … dhog …
(Cangik tuwin Limbuk mlebet. Duryudana minggah sanggar pamujan)
Dhog …