NASKAH

NASKAH PAKELIRAN KLASIK : MAKUTHARAMA (1)

PATHET NEM

JEJER SEPISAN : PRAJA NGASTINA

 kayon

 Dhog dhog dhog dhog dhog dhrodogdog… dhog….

Ayak-Ayak Sl. Myr. Ktw.Gd. KABOR, kt 2 kr, Sl.6

 (Medal parekan, Duryudana, Durna, Sangkuni, Karna, Kartamarma)

kurawa

Dhrodog … dog …

(Kabor, Kasirep)

Janturan :

 Swuh rep data pitana. Anenggih nagari pundi ta kang kaéka adi dasa purwa. Éka sawiji, adi linuwih, dasa sepuluh, purwa wiwitan. Senadyan kathah titahing déwa ingkang kasongan akasa, sinangga pratiwi, kaapit ing samodra, kathah ingkang anggana raras, nanging datan kadi Nagari Hastina, ya sinebat Nagari Liman Benawi. Mila kinarya bebuka, ngupaya nagari satus datan antuk kalih, sanadyan sèwu ‘tan jangkep sadasa. Dhasar nagari panjang punjung, pasir wukir, loh jinawi, gemah ripah, tata tur raharja.

Sinten ta jejuluking sri nata ing Ngastina, wenang dèn-ucapna, nenggih Mahaprabu Duryudana, Kurupati, Jakapitana, Hanggendarisuta. Mila jejuluk Duryudana, ateges naléndra ingkang abot sangganing aprang. Kurupati, angratoni darahing Kuru. Jakapitana, duk nalika sang nata sinengkakaké ngaluhur jumeneng naléndra nyata maksih jejaka dèrèng nambut silaning akrami. Déné Anggendariputra, nyata sang nata putra pambayuning Kusuma Dèwi Gendari.

Kacarita, Prabu Duryudana kondhang ing rat naléndra bèrbudi bèrbandha, remen hanggeganjar hangulawisudha, nanging kirang marsudi rèhing tata krami. Kadang satus kang sami nyantana dèn-ugung kesenengané. Marma sagung para kadang sami kaduk adigang, adigung, miwah adiguna, ngendelaké kadanging ratu.

Rep sidhem datan ana sabawaning walang ngalisik, ron-ronan datan obah, samirana datan lumampah. Ingkang kapiyarsa amung swaraning pradangga hanganyut-anyut binarung ocèhing kukila ingkang méncok ing waringin, miwah sabawaning abdi kriya gemblak kemasan, pandhé, ingkang samya nambut karya. Karengyan saking paséwakan, pating carengklang pating carengkling, imbal gantya lir mandyaraga, werdiné kaya gamelan. Teka amuwuhi asri renggeping panangkilan. Ing alun-alun papandhèn bandéra lelayu payung agung miwah bawat, tinon angendanu pindha mendhung. Para mantri bupati ingkang sami séba, ambèr ambalabar dumugi ing pangurakan yayah samodra pasang.

Nenggih sinten ta ingkang lenggah jajar klawan sang nata. Nenggih pujangganing kraton Begawan Durna ya Sang Kumbayana. Mabukuh marikelu munggwing ngarsa, nenggih Rekyana Patih Harya Sengkuni. Datan kantun Narpati Ngawangga, Prabu Karna Basusena. Semanten ugi pangéran ngiras paniti sastra, Radèn Harya Kartamarma ingkang wus sumahap munggwing ngayun. Dupi wus antara lama dènira lenggah tinangkil, sang nata sasmita mring sang rekyana patih arsa wawan pangandika.

Dhrodhog … dhog …

Kabor, udhar

Ldr. Sekar Ladrang Lesah, Sl.6

Dhrodhog … dhog …

(Suwuk)

Dog …

pathet nem ageng 1

pathet nem ageng 2

Dhog dhog dhog dhog dhog … dhrodog … dhog …

Ada-ada Girisa, sléndro nem (klik)

ada2 girisa

Dhog dhog dhog dhog dhog dhog …

Dhog dhog dhog dhog dhog … dhrodog … dhog …

Ginem

DURYUDANA

:

Nuwun mangké ta Bapa, Bapa Durna. Sarawuh Jengandika wonten ing paséwakan, kula ngaturaken pasegahan panakrami.
DURNA

:

O, kula nok-non, nuwun inggih, Sinuwun. Dahat suka marwata sutaning manah pun bapa ing Sokalima, kula tampi, kula petek wonten ing pranaja, mugi amewahana bawa leksana. Namung puji hastuti puja mantra sangking pun bapa ing Sokalima mugi konjuk wonten ing ngarsa Paduka, Sinuwun.
DURYUDANA

:

‘Nggih, kula pundhi kanggé jimat paripih, mugi handayanana kasantosan kula. Bapa Durna, mbok manawi andadosaken kagyating penggalih Jengandika, tumunten kula piji, kula rawuhaken ing paséwakan kalenggahan mangké.
Paman, Paman Harya Sengkuni. Apa baya adadi guguping atinira Paman, manira piji mangayun, Paman?
SANGKUNI

:

Kawula nuwun, nuwun. Saklangkung gurawalan anggèn kula nampi dhawuh Padukéndra.
DURYUDANA

:

Kakang ‘Dipati, kanti raharja sarawuh jengandika.
KARNA

:

Kawula nuwun inggih yayi Prabu. Mugi salam taklim pun Kakang konjuk wonten ing ngarsa Paduka yayi.
DURYUDANA

:

‘Nggih, kula tampi dhawah sami-sami Kakang ‘Dipati.Paman, paman Harya Sengkuni. Manira mundhut pawarta kados pundi kahananing Praja Ngastina, Paman.
SANGKUNI

:

Nok-non nuwun inggih, sedaya para kawula sami sahiyeg sahabipraya, gumolong cipta, rasa, karsa, miwah karyanipun, rainten-dalu anggung hambudidaya murih wewahing kaluhuran Nata Paduka Sang Aprabu.
DURYUDANA

:

Sokur mangayu bagya sèkethi jumurung. Kula nuwun mangké ta Bapa, Bapa Durna. Keparenga pinarak lenggah radi majeng sawetawis, badhé wonten gémbolaning raos ingkang nedya kula babar wonten ing paséwakan, Bapa.

Dhog …

Pathet Nem Jugag, Sl.6

pathet nem jugag sl.6

Ginem

DURNA

:

Kawula nuwun, nuwun Sinuwun. Keparenga pun bapa nganglungaken jangga nilingaken karna, tumunten kadhawuhna menggah menapa ingkang dados raosing penggalih Paduka Sinuwun?
DURYUDANA

:

Bapa, setunggaling wanci kula nampi wasitaning déwa ingkang kawursita wonten salebeting pasupenan. Bilih ing ‘ri kalenggahan mangké, déwa badhé ngandhapaken kanugrahan wahyuning keprabon, inggih wahyuning keraton, ingkang winastan Pepakem Makutharama. Ujaring wasita ingkang sampun kula tampi, badhé mandhap wonten ing tlatah Kutharunggu, wonten ing Swélagiri. Ing mriku wonten pithataning janma ingkang kinten kula dados sang awatara ing jagad ingkang nedya ambabar pepakemipun Prabu Ramadéwa duk rumuhun. Bapa, kula nyuwun dhawuh Jengandika babagan wahyu menika kadipundi, keparenga Bapa Durna paring pangandika sabtatama.
DURNA

:

Oh, lolé-lolé, somalolé somaranté jebebeg howéloh-howéloh, wana-wana dadi alas, alas-alas dadi wana. Kaluhuran dhawuh Paduka Sang Nata, bilih mboten klèntu, jer pun bapa ugi nampi wangsit ingkang mekaten.
DURYUDANA

:

Inggih, ngaturaken panuwun, Bapa.
SANGKUNI

:

Kula nuwun sèwu Sinuwun, keparenga kula badhé miterang dhateng Kakang Sokalima.
DURYUDANA

:

Iya Paman, mangsa bodhoa.
SANGKUNI

:

Kakang Durna?
DURNA

:

Apa, di Cuni?
SANGKUNI

:

Mara gagé aku wènèhana katrangan ingkang cetha, wong nggayuh wahyu lan ngopèni wahyu kuwi carané kepiyé?
DURNA

:

Yèn kowé kepéngin sumurup apa ta kang dèn-arani wahyu, wahyu kuwi suwijining kabegjan utawa kanugrahan peparing saka Kang Maha Kuwasa, ingkang ambabar daya luwih. Déné babaring daya luwih mau bisa wujud kesugihan bandha donya, bisa wujud panguwasa, uga bisa wujud drajat lan pangkat. Rèhning wahyu mau asalé saka Sing Gawé Jagad iki, mula ora bisa kinaya ngapa déning para titahé. Tegesé, ora bisa dirancang lan dipétung déning titah, jejering titah mung sakderma kanggonan utawa kedunungan. Dadi mung sakderma nglakoni. Kuwi waé sing ngarani wong liya, nganti sing kawogan dhéwé ora ngrumangsani. Wong sing nampani kabegjan utawa kanugrahan iku, banjur diarani wong kang kewahyon.
SANGKUNI

:

O….
DURNA

:

Lha yèn asalé wahyu mau, menawa manut pangandikaning para pinisepuh lan para nimpuna utawa para pinter, iku suwijining kukuban, sawijining undhuh-undhuhan utawa suwijining woh saka anggoné nandur, utawa anggoné gawé lelabuhan marang jagad iki. Mungguh sing nandur iku bisa awaké dhéwé, nanging uga bisa leluhuré. Déné carané nandur yaiku ora liya kejaba tapa-brata, yaiku nindakaké laku kaya patrapé wong sengsara. Nindakaké patrapé kaya wong kecingkrangan lan wong kekurangan, sarwa ora kepénak. Ditindakaké kanthi niyat, tékad, lan ati dhéwé. Mula ya kudu adoh saka rasa pangresula, ngundhamana, muring-muring, nanging kepara kudu dilambari nganti tekaning ati lila, nalangsa, sabar, lan narima.
SANGKUNI

:

Mengkono?
DURNA

:

Lha, sarèhning wahyu iku mujudaké sewijining kamulyan. Mula ya dadi pepénginaning sapa waé ingkang ngenggoni jejering dumadi. Presasat saben wong ingkang urip ana ing alam padhang iki, yèn ta ngerti marang werdining wahyu, wis mesthi kepéngin nggayuh. Nanging yakuwi, nadyan kepéngin nggayuh, nèk durung mesthi bisa kasembadan. Ya mung titah ingkang katarima déning Kang Murbèng Jagad, lan titah ingkang bareng klawan kabegjan, kang bisa kaparingan wahyu kang mengkono mau. Yèn ditonton saka ing kelairan waé, wong ingkang kedunungan wahyu iku wong sing patrap uripé pedinan sarwa prasaja, sarwa temen, adoh saka watak lelamisan, dhemen ngajèni marang sapa waé, hambeg susila anuraga, ora dhemen marang bangsaning cecongkrahan, anané mung sarwa hamemayu rahayuning kahanan sakwutuhé. Kejaba saka iku, ing rèh kebatinané ora naté kendhat anggoné nindakaké wewatoning urip ingkang wis dianggep dadi pepakem. Kuwi, di Cuni.
SANGKUNI

:

Ooo, tinemuné kok ya angèl temen wong kewahyon?
DURNA

:

Angèl. Ora angger wong. Cara-cara kaprigelan, ‘isa disinau. ‘Ning angger tekan nggon kewahyon, ‘ki angèl. Wong ‘ki nèk kewahyon, obah mamah ménggok ngemplok. Apa-apa sarwa kebeneran. Kuwi wong kawahyon. Béda karo wong sing ora ketrima, suket godhong dadi mungsuh. ‘Agi nduwé penemu bener, mesthi disalahaké nguwong. Nèk wong ora kebeneran kaya ngono kuwi.
SANGKUNI

:

Lha nèk kira-kira, kira-kira Kurawa ‘ki bisa nggayuh apa ora, Pepakem Makutharama kuwi?
DURNA

:

Mengko dhisik. Aku krungu pawarta, binandhung ing karna, ujaring bakul sinambiwara.
SANGKUNI

:

Bakul sinambiwara ‘ki apa?
DURNA

:

Bakul sinambiwara ‘ki sudagar gedhé.
SANGKUNI

:

Krungu kabar apa Kakang?
DURNA

:

Aku krungu pawarta yèn ta panengah Pandhawa si Janaka linggar saka ing kasatriyan. Mangka adat lupiya ingkang wis kawuri, uger Janaka méntar mangka nedhengé ana wasita bakal tumedhaking kanugrahan gedhé, ponang wahyu, saka pangrasaning pun kakang Sokalima, mesthi Janaka ngudi tumuruning kanugrahan iki.

Dhog …

Sendhon Pananggalan, Sl.6

sendhon penanggalan 1

sendhon penanggalan 2

Dhog dhog dhog dhog dhog … dhrodog … dhog …

DURYUDANA

:

Hem. Bapa Durna, nembé mangertos menika manawi Dhimas Permadi oncad saking Kasatriyan Madukara. Manawi ta tetéla mekaten, kula sampun saged anjagèkaken, yèn kula anggadhahi pepénginan badhé ngudi tumuruning kanugrahan, ingkang putra pun Jakapitana tartamtu mboten badhé saged kasembadan.
SANGKUNI

:

Cetha, manawi Janaka menika tumandang ngupaya wahyu, tartamtu Kurawa mboten badhé ngukup menapa-menapa.
DURNA

:

‘Ko ‘sik ‘Dhi Cuni, aja cilik ati. Wong kuwi kudu sing nrima. Narima iku tumanggaping ati ingkang jembar, ‘ning ya kudu santosa ing sedya.
SANGKUNI

:

Carané nrima piyé?
DURNA

:

Aja sok serik, lan aja nduwèni pangira-ira marang liyan. Merga aku wis kandha ing ngarep, yèn ta wahyu kuwi kudu jinangkah lan kudu digayuh. Dhasaring narima siji: narima sak-anané. Liré, upamané nyandhang nganggo lan memangan mung sak-anané, ora ngaya golèk onjo lan ora golèk sing mirasa. Kuwi tegesé wong nrima. Panganan kuwi marakaké apa. Énaké pangan ya wis mung ngana kaé, ora wurung nèk kokèhan panganan énak ya mung lara gula. Banjur narima sakkecekelé. Liré, pangudining raja brana ora nggregut banget, nganti dredah amarga nyahak wewenanging liyan. Sabanjuré narima sakkuwaté. Liré, pangangkating sesanggan ora dirosani ‘ning yèn abot disèlèhaké, mung samurwat klawan drajaté. Banjur uga ana laku nrima yèn ta diseriki, disengiti, ora bakal ngandhut tatuning ati, kepara ngrumangsani lamun ta awaké dhéwé ingkang isih kurang becik déné durung disenengi déning uwong. Nrima yèn diwirangaké. Liré, kinira gawé panasing ati iku kaanggepa ngundhakaké panemu, déné nganti bisa digawé wirang déning wong liya, nedya ngunduri tindaké ingkang nuwuhaké wirang mau. Dadi yèn ta wong iki bisa narima kaya tuladha-tuladha ingkang tak-kandhakaké kabèh mau, saka pangrasaku bakal bisa ènthèng jroning pikiré satemah bisa nampa kanyatan iki, ora susah jubriya menyang sapa-sapa.
DURYUDANA

:

Bapa Durna.
DURNA

:

Kula wonten dhawuh.
DURYUDANA

:

Nanging tetep ancasing sedya kula kepéngin ngudi tumuruning kanugrahan.
SANGKUNI

:

Sinuwun, kados kirang prayogi menawi Paduka piyambak ingkang nyalirani.
DURYUDANA

:

Prayogané piyé Paman?
SANGKUNI

:

Kinten kula upami ta leres pekabaran menika, Radèn Janaka ngupaya tumedhaking kanugrahan agung Pepakem Makutharama, ing mriki wonten priyantun ingkang sembada njajari lenggahipun Janaka.
DURYUDANA

:

Sinten Paman?
SANGKUNI

:

Mboten sanès kejawi namung ingkang raka Ngawangga, ingkang minulya Sang Adipati Karna Basuséna. Manawi Paduka Sinuwun kepareng utusan ingkang raka ing Awangga, kinten kula badhé saged lebda ing karya. La punika sampun katingal marak ngabyantara, swawi kadangua piyambak.
DURYUDANA

:

Kakang ‘Dipati, Jengandhika sampun mireng piyambak bilih ing dinten mangké jawata badhé ngandhapaken kanugrahan Pepakem Makutharama ingkang badhé mandhap wonten ing Pertapan Swélagiri ing Kutharunggu. Ing ngriku kacariyos wonten pandhita wakiling Kang Akarya Jagad, ingkang badhé ambabar pepakemipun Prabu Ramadéwa duk rumuhun, ingkang peparab Begawan Késawasidi. Jengandika Kakang Narpati mugi kersoa tedhak dhateng Kutharunggu nyatakaken wasita kala wau. Éwadéné kapara yekti, kadospundi éguh pertikel pemanggihipun Kakang ‘Dipati, kula borongaken sakwetahipun. Ingkang baken kondur Jengandika mring Negari Ngastina saged mboyong Pepakem Makutharama.
KARNA

:

Adhuh, Yayi Prabu kadanging pun kakang. Tumrap rakanta ing Ngawangga presasat kadidéné warastra ingkang sampun tinumpangaken wonten kendhenging langkap, Yayi Prabu ingkang nglésan. Manawi Yayi Prabu badhé ngelès mangidul, kula badhé dhawah wonten kidul. Yayi Prabu Jakapitana nginceng ngalèr, pun kakang badhé dhawah wonten ing lèr. Dinten mangké kula badhé nyendikani dhawuh Paduka. Keparenga kula nyuwun pamit tambahing pangèstu sageda lebda ing karya.
DURYUDANA

:

Inggih, nganthiya kadang Sata-Kurawa sakcekapipun. Mboten langkung namung pamuji kula ingkang ndhèrèkaken jengkar Paduka Kanjeng Kaka Prabu Ngawangga.

Dhrodog dhrodhog dhrodhog dhrodhog dhrodhog … cek…cek…cek…

karna

(Srepeg, Sl. Nem. Karna késah)

Dhrodog … dhog …

(Srepeg  Suwuk tamban )

Ginem :

DURYUDANA

:

Bapa Durna.
DURNA

:

Kula wonten pangandika ingkang adhawuh.
DURYUDANA

:

Kakang ‘Dipati Ngawangga sampun jengkar.
DURNA

:

Lha inggih, menika langkung prayogi, pun bapa ndhèrèk bingah.
DURYUDANA

:

Kula aturi memuji dhateng panguwasaning déwa, mugi-mugi sageda kasembadan sedya kula.
DURNA

:

Nuwun inggih, ngèstokaken dhawuh ‘Nggèr.
DURYUDANA

:

Paman Sengkuni.
SANGKUNI

:

Kula nok-non, wonten pengendika ing adhawuh.
DURYUDANA

:

Mepaka para kadang Sata-Kurawa kinèn padha miranti, ngombyongi jengkaré Kakang ‘Dipati Ngawangga.
SANGKUNI

:

Nok-non, nuwun inggih, ngèstokaken dhawuh. Kepareng amit madal pasilan.
DURYUDANA

:

Yayi Kartamarma.
KARTAMAMA

:

Kula wonten pangadika ing adhawuh, Kaka Prabu.
DURYUDANA

:

Bubarna kang nggantung séba, pun kakang jengkar ngedhaton, Yayi.

Dhog …

Pocapan :

Lah ing kana ta wau, wus titi purnèng gati paséwakan, sang nata sasmita arsa jengkar manjing Lokapusantara. Saksana para wahini pawongan cèthi ingkang samya ngampil upacarèng aji, rep regedeg nguncupaken asta minangka tandha pakurmatan. Yayah binayangkaré konduring Sang Nata Prabu Duryudana.

Dhrodog … dhog …

Bedholan

(Ldr. Bayangkare. Sl Myr. Kalajengaken Ayak-Ayak. Sl. 6, kayon tanceb tengah)

kayon

Dhrodog … dhog …

(Ayak-ayak, suwuk)

Kedhatonan

Dhog …

Pocapan :

Lah ing kana ta wau, wus lumarap lampahira nyai emban, unjuk uninga mring ngarsaning Sang Ayu Banowati. Nengga kawuwusa, ganti ingkang winursitèng kawi, ora kaya ingkang mapan ana ing gupit mandragini, kaya nandhang Asmara.

Dhrodog … dhog …

Ldr Asmaradhana Sl.Myr

(Limbuk medal, mlampah sarwi jejogèdan. Kasusul Cangik medal, ugi mlampah sarwi jejogédan. Lesmanawati medal, kasusul Banowati.)

6 comments on “NASKAH

  1. matur nuwun ki kula saking tlatah kebumen nderek nguri nguri budaya jawi. dos pundi bilih naskah pakeliran klasik punika dipun jangkepi ngantos purna/ tancep kayon

  2. Luar Biasa. Sangat bisa menjadi contoh untuk yang menyukai budaya seni pedhalangan baik bagi dhalang muda (belajar) ataupun orang yang mencintai seni pewayangan seperti saya. salam sukses selalu. berkah untuk semuanya allohuma amiin. salam kenal

Tinggalkan komentar